Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho
Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal
manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.
Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita
mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV,
napa dene media masa utawi
Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping
negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba,
tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak
ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet
penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical
kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang,
mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho
rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten
artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten
miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi
narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang
keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka
kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi
narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko,
ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi
sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula
matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang
mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Wassalamu’alaikum Wr. WB.
0 comments:
Posting Komentar